Halaman

Selasa, 23 Mei 2017

AYO NDAGEL



AYO NDAGEL

jaréné, sindèn cedak omah iso ndagel
semu isin kurang kendel
wedi sitik kurang piandel
ndredek, cangkem wis mbesesel
arep mangap akal cutel
modal rai kandel

bèn dikiro iso gawe kekel
bèn dikiro mikir wasis lan gunem prigel
kemringet mbrebes tekan wudel
unjal ambegan irung njungkel
tangan adem sikut ngringkel
mentèntèng sol bandel
durung celatu blas mèlèr umbel

sing nonton kupingé pegel
arep nyekakak ora tegel
arep keplok dikiro ngawé pecel
kabèh dadi mèlu mangkel

sindèn plonga-plongo wareg sambel
nyengèngès gawé sebel
mentalé soyo bundel
lambéné soyo mbedel
mbenaké tesmak malah tugel

ndas digaruk ora gatel
rambut diacak mbrodol kumel
gulu kaku keselek janggel
mata ndangak ngétung tègel
mbokdé ndéprok ngelih ngrungkel
bolo dupak arisan nggrundel

mbuh entèk pirang gelas nasgitel

durung ngomong ono sing kekel
diabani paklik kabèh kepingkel
arep mangap mèlu kemekel
lambé obah dudu mungel
liyané gur mèndel
sisané gur kèndel
nyengir jaran wedi dibrèdel
ndodok bareng ati memel

Time: 5/16/2017 7:29:58 PM
[HaèN]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar